18 Oct 2020

Katresnan Tukang Becak lan Nini Sekar Arum

 



" Jeng...! , wengi iki wis pitung dina olehmu wangsul madhep marang Gusti. Sepurane ya Jeng , aku ora isa nganake tahlilan kaya adat wong liya-liyane yen kesripahan. Ora merga aku ora percaya utawa nyalahi adat wong Jawa Jeng. Dongaku kanggo sliramu ora tau leren, aku mung isa tahlil dewean, Jeng. Amarga pirang-pirang ndino aku ora narik becak,  sak wise nguburke sliramu. Rasa kelangan lan ganjelan ning atiku durung isa ilang. Pasuryanmu ngintil ning mripatku. Piye aku arep narik becak nek koyo ngono kuwi. Sepurane Jeng..!, aku ora duwe celengan babar pisan kanggo nganake berkat tahlilan ngundang tangga teparo ".  Guneme Parmin dewean ning jero kamar sing uga dadi ruang tamune, sak wise rampung donga lan tahlil dewe kanggo Nini Sekar Arum, bojo sirine kang tinggal donya seminggu kepungkur.

Kanggo Parmin, Nini Sekar Arum kaya lintang gemebyar tah utawa artis kang paling top, sanajan Nini Sekar Arum mung Pengamen tua. Sing mangkal ning ngarep Warung Dahar ning platarane Pasar Kliwon rikolo wengi.

Meh telung tahun Parmin lan Nini Sekar Arum urip bareng, sakwise disahke Pak Modin sing diarani kawin siri " ben ora dhosa" jare Parmin . Sanajan mung iso nyewo kamar bedheng kayu sekotak ning jedak jembatan Tanggulangin,  Parmin lan Nini sing wis ora enom meneh kuwi urip kanthi seneng lan tentrem. Parmin, tukang becak sing uripe pas-pasan malah kadang kekurangan, amargo golek penumpang samsaya angel, sawang wae ben omah wis duwe motor lan mobil , wis arang-arang wong sing gelem numpak becak. Jare marake macet lan kesuwen, ora cocok kanggo kahanan saiki.

Telung tahun kepungkur rikala Parmin mangkal ning Pasar Kliwon, ketemu karo Nini Sekar Arum kang lagi ngamen. Nini sing lagi sewulan nglembara ning kota Kudus isih binggung arep manggon ning endi, amargo yen turu ning emperan toko ragane wis ora kuat maneh mergo umure wis luwih saka suwidak tahun. Wis dadi tekade Nini kepingin nglembaroa saperlu melu nguri-uri kabudayan. Sanajan namun nembang Jawa keahliane, Nini mider dadi pengamen saka kutha pindah kutha liyane. Nganti lali anak puthune sing ketinggalan ning tanah sebrang rikala melu program Transmigrasi jaman semana. Sanajan wis tua Nini isih tetep njaga penampilan, klambine dijaga ben tetep resik tur pantes, wedak pupur lan gincu mesti ora lali yen arep budal ngamen. Makane kuwi Parmin nganggep Nini kuwi lintang, artis sing kemoncor ning jero atine.

Kebeneran Nini ketemu Parmin sing kesemsem kenes swarane Nini sing merdu mendayu-dayu. Wong loro sepakat urip bareng lan nampa apa anane kahanan, amarga Parmin uga wis duwe anak bojo sing ditinggal ning ndeso. Parmin kepekso mlebu kutha dadi tukang becak merga pirang-pirang musim panen gagal terus. Parine ora isa dicagerke maleh kanggo urip sabendinane.



 

 

*****

" Kusumaning ati, Duh wong bagus  Kang tak anti-anti.....Mung tekamu biso gawe tentreme atiku....Biyen nate janji tak ugemi ora bakal lali, Tur kelingan jroning ati sak bedahe bumi...." kaya ngono tembang sing bola-bali dirungoke Parmin Kang kanthi kewes ditembangke Nini Sekar Wangi. Dhadeke atine Parmin koyo-koyoo diterak-terak nancep sak jeroning ati apa sing diucapke Nini koyo kanggo dewekne. Mergo saka iku Parmin wanekake tepangan karo Nini.

" Suaramu kewes tenan cah ayu....oleh aku tepung sliramu ?" Tembunge Parmin nyedaki Nini kang lagi lungguh ning dingklik emperan toko.

" Maturnuwun Kangmas....wis nyenengi tembang-tembangku, Lah slirane yo uga bagus kok..." gunem Nini kang ndadheake atine Parmin sangsoyo ngambra-ngambra olehe bangun tresno marang Nini, sanajan wis umur Nini isih katon ayu, kewes lan uga njaga penganggone.

Rikala Parmin meh lunga amarga ana penumpang sing njaluk diterke nganggo becake , Nini Sekar gumen.

" Kangmas....mengko bengi jam sepuluh aku pethuk  ya....."

" Iya Nimas..... bar ngeterke penumpang iki aku langsung balik mrene meneh . Aja kwatir Nimas ayu !" jawab Parmin kanthi ati kang ngombro-ombro bungahe.

Mula saka kuwi Parmin ben wayah bubar maghrib mesti ngerke Nini lunga ngamen ning pasar Kliwon, lan uga methuk yen wis wayah bali.

Katresnan jumbuh ning jero atine wong loro kuwi, apa wae alangan wis ora isa ngadhang-ngadhangi katresnane, umur lan kahanan ora dianggep alangan.

 

Sak wise kawin siri, Parmin lan Nini Sekar ngontrak ning omah bedhengan cedak kretek Tanggulangin. Nini Sekar mung ngamen yen wayah bengi wae, nek Parmin tetep narik becak koyo adate. Sak wulan pisan Parmin bali ning ndeso niliki anak bojone sing ditinggal, ora ana masalah apa-apa karo keluargane.

Nini Sekar Arum kang umure wis luwih suwidak tahun soyo ringkih lan lara-laranen, Parmin sing ngopeni lan ngeyem-ngeyemi atine. Sanajan lara-laranen Nini tetep ngamen ben bubar maghrib nganti jam sepuluh bengi.

Kaya bengi kuwi, Nini sambat yen dadhane sesek awake lemes, Parmin nyegah Nini ora usah lunga ngamen tapi, kaya ngene jawabane Nini :  " Ben wae Kangmas, aku pingin mati pas lagi nembang ben wong-wong tansah kelingan aku "

Ya ora Nini nyaluk diterke ning Pasar Kliwon panggonan sabendinane ngamen. Parmin tansah nunggoni bojone ngamen, mergo was-was yen ana apa-apa karo Nini. Nini katon sumringgah lan swarane tetep merdu nembang Lingsir Wengi :

" Lingsir wengi....sepi durung bisa nendra......

mring wewayah kang ngreridu ati.

Kawitane mung sembrana, Njur kulina ra ngira

yen Bakal numbuhke trisna....."

Ora rampung tembang kuwi Nini mandek karo nyekeli dadhane, Parmin langsung mlayu nyedaki Nini lan nyupuk okulele sing isih ning dekepane Nini, banyur nuntun Nini munggah becak ngajak bali.

Sak wengi deng Nini ora iso turu dadhane dicekeli terus, namung ora sambat apa-apa, Nini babar pisan ora mangan lan ngombe sanajan Pamin wis meksa-meksa. Parmin binggung karepe dewe, ora ngerti apa sing arep dilakoni, isone mung turon karo  ngekep Nini ngelus-elus dadhane Nini.

Adzan Subuh wis gumleger swarane, Parmin pamit lunga ning mesjid jedak omah sedelok ben isa sholat berjamaah. Nini mantuk lan mesem rikala Parmin pamit sedelok.

Mulih saka mesjid, Parmin kaged Nini Sekar isa dekekep okulele sing disingkerke ning cedak amben panggonan Nini turu. Bareng didhelok ambegane Nini wis ora kathon maneh, didumuk nadi tangane wis ora ana kedhute.

Parmin setengah jerit...

" Innalilaihi......Nini kenapa aku mbok limpe..."

Parmin nangis gero-gero nganti tangga teparone krungu lan marani.

Kanthi biaya gotong-royong Nini dikubur ning pekuburan cedak kono. Tanpa upacara mung ditindhake apa sing penting wae carane ngurus mayit.

Sejak kuwi Parmin kaya-kaya'a krungon-krungonen suarane Nini nembang karo metik okulelene :

" Kusumanging ati...

Duh wong bagus kang tak anti-anti

Mung tekamu bisa gawe tentreme atiku..."

No comments:

Post a comment

Baca juga

Misteri Tengkorak di Rumah Kontrakan

  Sudah hampir sebulan suamiku diterima kerja di sebuah perusahaan tambang batubara di pedalaman Kotabaru Kalimantan Selatan . Namun karena...